Allah pengeran kang sifat kamalah. Tammat ikilah kitab Takhyiroh

Mukhtashor arane, dalem dino jumat songolas dino

Jerone wulan muharram tahun wawu

Hijrah Naba Muhammad SAW

Sewu rong atus

Suwidak limang tahunan

Wa shollallohu

’ala Muhammad

Wal hamdulilllahi

Robbil ’alamin

Nyalahaken ing ikilah ngilmu syariat tarjumah moko wajib awehe

Maring kita partelane ojo kandek harom ghoibah gede

Dosane ugo iku kelakuhane wong munafiq kupur ora duwe hujjah

Sabenere ngilmu syariat suki harom ngerasani olo ning burine

Ngalim ngadil nindaaken agamane Allah lan rosulullah kholifah kulma

Cilik gegentine kanjeng rosulullah datengaken syariat merdi ing wong

Ngawam ingdalem sahe iman lan to’at, kang dadi pepek syarat sah

Kawulangan. Wallahu a’lam utawi Allah iku kang angudanaini ing kawulane

Olo becike tan kasamaran. Wa billahit taufiq lan kelawan Allah kang

Tetulung ing dholhir lan batin ingdalem sahe iman lan sahe

Ngibadat lan ora nono kang paring pituduh dedalan bener kabekjan anging

Wajib saben mukalap ngupoyo sarto dingamal sakuwasane yoiku ngelmu usul

Fiqih tasawuf, moko ningalono siro ing tarjumahku kitab husnul mitholab

Rolas kuras wilangane tuwin kitab nadlom jam-ul masail

Songolas kuras tuwin kitab asnal miqosad nadlom tarjumah

Telung puluh kuras luwih akeh wicarane ngilmu

Syariat lan luwih jembar malih akeh dalil qur an hadis ijma’

Kasurat lamon siro ningalono ingdalem kitab kita nadlom abyanal hawaij

Wolung puluh roro wilangan kurasan Insya Allah ta’ala

Nemu akeh partelane ngilmu teluh parkoro usul fikih

Tasawuf kelawan tulung Allah barkat nabi kita Muhammad Rosulullah

Sholla Allaho alaihi wa sallam panutan agomo islam, barang sopo wonge

Kabeh jazem pangestune ing kitab qur an ngistoaken ing Allah, mukmin

Kabeh sah imane mepeki syarat saking pepeteng sasar maring padang

Waspodo makrifate ing Allah tan mamang ikulah mukmin kawilang waliyullah

Netepi wajib tinggal maksiat koyo ngarep wus kapartelanan

Afaman syarohallahu shodrohu lil islami fahuwa ’ala nurin min robbihi

Anoto ora weruh moko sopo wonge ambukaaken Allah ing atine wongiku

Padang kerono islam masrahaken dhohir batin maring Allah anut

Ing Nabi Muhammad utusan, i’timad ing ngalim ngadil pituturan, moko

Yo wongiku oleh pituduh atas nemu padange iman saking pangerane

Ikulah kawilang waliyullah kinasih dene Allah ta’ala, lamon siro

Arep akeh pangawaruhe ing pertelane ngilmu syariat telung perkoro kang

Tinemu dunyo munfangat ingdalem akherat nulungi ing ngibadah lan satuhune

Negoro gede akherat sawargo yekti yoiku satemen-temene urip anom

Langgeng nikmat kamulyan lamon ono wongiku kabeh weruo jazem pengestune

Ing Allah ning qur an pejanjian moko tentu ngupoyo sawargo langgeng anom

Kahuripan ngesahaken iman mepeki rukun syarat netepi wajib ngedohi

Maksiat dhohire anut ing syariate nabi Muhammad pitwane ngalim

Ngadil di i’timad ati kegiungan ing Allah kungerahan lan rohmat

Sekadar kuasane ma’rifate ing Allah lan kasyukurane ikilah

Quran nutur kinasih dene Allah ta’ala

Allaho waliyyul lazhina amanu yukhrijuhum minad dhulumati ilannuri

Utawi Allah iku kang asih tulung kabecikan ing sekehe wongkang mukmin

Taubat nyuwun ngapuro saking dosane saking pangeranniro kabeh sarto

Agawe thoat lan maring sawargo dedalane kang di ambah jembare sawargo

Koyo jembare antorone langit lan bumi yoiku lakon limang atus tahun

Lamine iku cinawisaken nggon langgeng anom urip kaduwe

Sekehe wongkang sah jazem iman angistoaken ing Allah kang paring

Allah ngarsaaken ing wongiku pinaringan sawrgo. Utawi Allah iku kang

Duweni kanugerahan kang agung. Qolallahu ta’ala

wama hadzihil

Hayatuddunya illa lahwun wa la’ibun wa innad darul akhirota lahiyal

Hayawanu lau kanu ya’lamuna.

Ngandiko Allah ta’ala ingdalem

Qur an lan ora nono ikilah kahuripan dunyo inging lahan lan ameng-amengan

Satuhune luwih mulyoniro kabeh kang kinasih mungguh Allah

Iku luwihe wedi niro kabeh ing Allah netepi wajib tinggal maksiat

Ngenggoni ngadil dadi waliyullah khowas koyo wicarane ngarep

Wus kapartelanan. Ikilah janjine Allah ingdalem qur an

Wa’adallahul mu’miniina wal mu’minati jannatin

Wus janji Allah ing sekehe

Wong mu’min lanang lan sekehe wong mu’min wadon ing sawargo

Panggonan langgeng anom kahuripan luwih nikmat kaluhuran, ikilah

Dalil qur an

Saabiqu ila maghfirotin min robbikum wa jannatin ’ardluha

Ka’ardhissamaai wal ardli u’iddat lillazdina amanu billahi

Wa rosulihi dzalika fadlullahi yu’tihi man yasyau wallahu

Dzul fadlil ’adhim

Podo gancangan siro kabeh laku maring

Alladzina amanu wa kaanu yattaquna. Anoto ora weruh ing satuhune waliyullah

Iku ora wedi khuwatir sabab sentoso imane ingdalem atine

Ingatase waliyullah iku kabeh lan ora nono waliyullah iku kabeh perihatin

Ingdalem akhirat pinaringan sawargo selamet ora sinikso, utawi sekehe waliyullah

Iku kabeh sah imane jazem pangestune atine ing Allah lan

Ing Rosulullah, mepeki ingkang dadi syarat sahe iman lan thoat lan

Ono waliyullah ikukabeh podo wedi lan asih waliyullah iku kabeh ing Allah

Dhohir batin ngenggoni ridlone Allah pangeran barang opo ing

Sawiji tingale ing Allah panggawene. Utawi wongkang luwih kinasih

Dene Allah iku sabab luwih wedine wongiku ing Allah. Ikilah

Dalil Qur an kalamullah ta’ala

Inna akromakum ’inda Allahi atqokum

Khowasul khowas luwih luhur derajate mungguh Allah yoiku

Sifate ngadil sarto ngalim langgeng ma’rifate ing Allah netepi wajib

Ngedohi maksiat dholhir batin kereono Allah tan kasengsem ing lazdate dun-yo

Lan nuduhaken ing wong kabodohan dedalan bener maring Allah, nindaaken ing

Amar makruf nahi mungkar sakuwasane, wong awam diajar ngelmu syariat

Munfa’at akherat ginawe masyhur, langgeng syukure dhohir batin maring

Allah, tan duwe tingal ing liyane Allah, anging Allah siji sabenere pangeran

Amandeng ing thoate saking Allah kanugerahan barang opo penggawene dewe

Lan penggawene liyane atas Allah tingale dalem atine, ikulah sifate

Waliyullah khowasul khowas. Ikilah qur an nutur ing sifate auliya’

Alaa inna aulia Allahi laa khaufun ’alaihim wa laa hum yakhzanuna

Mepeki syarat lan nampik saking kafir munafik imane mardud, kangdihin

Waliyullah ngawam, yoiku wong kang sah imane dadio pasik kinasih

Dene Allah, sawargo pinaringan lan senadian sinikso ingdalem neroko

Ba’dal hisab manjing sawargo sebab barkate sah imane beloko.

Kapindo waliyullah khowash yoiku wong ngadil sumowono ngadil sarto alim

Luwih luhur derajate, ora ngelakoni setengahe dosa gede, ora ngekelaken setengahe

Harom cilik, wajibe amarnoho sakuwasane linakonan, nedohi saking harom

Majlisan, naliko tan kuwoso nyegah saking anane mungkar, milih lungguh halal

Panggonan, ugo kuoso nyegah saking kang dadi harome majlisan duwe piyagem

Indalem panggerane ngilmu syariat, iku teko akherat manjing sawargo selamet

Ora sinikso kang wus janjine Allah ning syariat. Kaping telu waliyullah

Iku kabeh tan kaparcayaan, utawi pertelane khobar kizib yoiku khobare

Wongkang awur-awuran sumowono gorohe kenyataan. Wajib saben mukalaf ngumpulake telung perkoro, syariat, thoroqot, haqiqot. Syariate wong ngibadat

Mepeki rukun syarat, sahe toat netepi wajib tinggal maksiat, thoriqote iku nejo

Ati maring Allah karidloan, Haqiqote iku amandeng ing kanugerahane Allah

Benere dhohir batin saking Allah tulungan. Syariate wong nenandur lan

Dedagangan, iku arep anut ing sahe ning syara’ panggeran. Thoriqote

Iku hasile arto ginawe tulung bekti ing Allah. Haqiqote iku

Amandeng ing Allah tulungan, solah tingkah dhohir batin saking Allah

Panguasane. I’lam weruho siro

Ing satuhune aran aulia Allah murtabate iku telung parkoro

Supoyo hasil siro temen ing sahhe

Maring maksiat, kang wus ditobati, lamon maksiat iku tinggal wajibe

Sembahyang, atowo tinggal puoso wulan romdlon, atowo tinggal

Aweh zakat, moko wuwuh rukun saparkoro malih, yoiku qodlo sembahyang

lan qodho puoso, lan qodlo aweh zakat, menkono ugo ghosab ing artane

menungso , iku wuwuh rukun saparkoro malih, arep mangsulaken arto maring

kang duwe, atowo anjaluk ing halale, lmon ridlo moko lepas perkarane.

Utawi khobar iku telung panggonan, kangdihin iku khobar shidiq, kapindo iku

Khobar ikhtimal, kapingtelu iku khobar kizib. Utawi pertelane khobar shidiq

Yoiku khobare poro nabi sumowono rosulullah, lan khobar mutawatir lan

Khobare wong adil riwayat sumowono adil sarto alim. Utawi pertelane

Khobar ikhtimal yoiku khobare wong fasiq lan khobare rare lan wong edan

Baligh, ora fasiq, ikulah ngalim ngadil, ulil amri kholifah kulma’ cilik

Gegentine kanjeng rosululloh, kang wajib ditut panutan agomo Islam

Barang sopo wonge ora sah gurune wongiku piakonan, sabab bodo

Tuwin ngalim pasiq tan taubat, moko syaiton gurune wongiku sasar brayan

Utawi rukune taubat saking kufur, iku telung perkoro, kangdihin mecat

Sekehe warnane kufur, dhohir batin wus sah imane

Kapindo nelongso, kaping telu ora nejo mbaleni maring stengahe penggawe

Kufur. Syarat sahe taubat saking kufur, iku sadurunge wetu ghor-ghor lan

Sadurunge metu serngenge sakng maghrib kang dadi tondo awite qiyamat kubro.

Utawi rukune taubat saking maksiat, zino atowo nginum sajeng, iku telung perkoro

Kangdihin mecat maksiat, kapindo nelongso, kapingtelu ora nejo mbaleni

netepi wajib tinggal maksiat iku telung perkoro. Kangdihin dadi sentoso

Imane wongiku kapindo selamet ora disikso ing dalem akhirat kapingtelu

Luwih luhur derajate wongiku ingdalem sawargo. Utawi wongkang wus

Sah imane lan ngibadate dawam iku pesti ingdalem sawargo

Sebab wus ono janjine Allah ning syariate nabi Muhammad. Tinemu sah

Imane wongkang ora ngibadat, ora sah wong kang agawe ngibadat kang ora nono

Imane wongiku ing dalem atine ikulah kafir munafiq kekel urip ingdalem

Neroko lamon tan taubat. Utawi syarat sahe wongkang ginawe guru iku riningkes

Rong parkoro, kangdihin ngalim weruh ing panggerane syariate nabi Muhammad

Kapindo ngadil riwayat ora ngelakoni setengahe dosa gede ora ngekelake

Setengahe harom cilik, aran ngadil riwayat kumpul papat, Islam, ngaqil,

Kangdihin angimanaken ing Allah, kapindo angimanaken ing sekehe malaikate

Allah, kapingtelu angimanaken ing sekehe kitabe Allah, kapingpat

Angimanaken ing sekehe utusane Allah, kapinglimo angimanaken ing dino

Akhir qiyamat, kapingnem angimanaken ing pesthen becik lan olo saking Allah taala

Utawi artine iman iku ngestoaken ing barangkang didatengaken dene

Rosulullah. Utawi syarat shahe iman lan syahadad iku arep asih

Ing sekabehe syariate nabi Muhammad. Utawi batale iman lan syahadad

Iku rong parkoro, kangdihin mamang atine ing salah sawijine kang di datengaken

Dene Rosulullah. Kapindo sengit atine ing salah sawijine agamane nabi

Muhammad. Utawi paedahe sah iman iku dadi pitukune sawargo selamet

Ora kekel urip ingdalem neroko. Utawi paedahe wongkang sah ngibadat

Ugo wajib ngupoyo ing pertelane kang dadi kacukupan ingdalem sahhe iman

Lan ngibadat, kang dadi sebab nemu kabekjan teko akhirat

Pinaringan sawargo anom urip langgeng nikmat kamulyan, kawilang didadeaken

Ratu mukti ing negoro gede sawargo. Ikilah kalimat syahadad roro sarto katarjumah

Asyhadu anla ilaha illa Allah, wa asyahdu anna Muhammadar rosululullah

Angawaruhi atiningsun ing satuhune, ora nono pengeran

Kang sinembah sabenere, indalem wujude anging Allah. Lan angawerhi

Atiningsun ing satuhune nabi kito Muhammad iku utusane Allah

Kang tinurunan kitab Qur an kang dadi panutan agomo Islam

Utawi rukune Islam iku sawiji beloko yoiku angucap syahadad

Roro kang wus kasebut. Utawi rukune iman iku nem perkoro

Wassholatu was salamu ’ala rosulihi Muhammad wa ’ala alihi wasuhubihi ajma’in

Utawi rohmate Allah lan salame Allah mugi wuwuh atas utusane Allah

Nabi Muhammad lan atas kawulo wargane lan shohabate sekabehe.

Amma ba’du, anapon sawuse muji ing Allah lan sholawat atas

Utusane Allah, moko ikilah kitab tahyiiroh namane tarjumah

Ngilmu syariate kanjeng nabi rosul Muhammad, sking Haji Ahmad Rifai

Ibni Muhammad syafiiyah madzhabe ahli suni thoriqote nejo

Ngelakoni parintahe Allah, loba ngarep-arep ing pitulunge Allah kelawan

Berkat nabi kito Muhammad sholla Allah ’alaikhi wa sallam, nyata aken ing

Syahadad roro lan sahhe iman lan barangkang taalluq ing iyo kinawe

Reringkes supoyo hasil gampang kaduwe wong kang podho bibinahu

Bismillahirrohmanirrohim

Amiwiti hombo ing kitab iki tarjumah, kelawan nebut asmane Allah

Kang murah nang dun-ya, kang asih ing wong mukmin teko akhirat

Pinaringan sawargo anom urip langgeng nikmat kamulyan

Alhamdu lillahi alladzi hadana lihadza wa ma kunna linahtadiya

Laula an hadana Allah – utawi sekehe puji iku kagungane Allah

Kang nuduhaken ing kawulo sedayane, kerono anuduhaken ing sahe

Iman lan sahhe ngibadat , lan ora nono kita sedoyo kerono anuduhaken

Ing wong liyane lamon oraho yen anuduhaken Allah ing kawulo sedayane

Terjemahan—>

(more…)

Bismillahirrohmanirrohim
Allahumma sholli ‘ala Muhammad wa ali Muhammad

KITAB TAHYIIRON

Halaman depan (0)

Tanbihun ikilah kitab takhyiroh mukhtashor namane
Tarjumah ngilmu syariat
Nyataaken ing kalimah syahadad roro lan sah iman
Saking Haji Ahmad Rifa’i ibni Marhum
Mazhabe syafii
Ahli suni thoriqote

Terjemahan—–>

(more…)

Bismillah…

laa khaula quwwata illa billah